Skip to main content

Posts

Showing posts from 2015

Belanja Online di Indonesia

Photo by PhotoMIX Ltd. from Pexels Opo iku nduk?? si mak bertanya Beneran iku nduk?? mak kembali bertanya Aman engga nduk?? mak terus nanya. bla bla bla Sebenarnya masih banyak tapi kalo inyong ceritain ya ceritanya sampai inyong jadi mamak mamak. So inyong rangkum aja ya, dirangkum, difotokopi pake kertas buram, diperkecil, bolak-balik. Eh, maap itu pesen buat orang diseberang sana yang mau ujian. Ide pokoknya itu inyong lagi pengin pake beli yang namanya kamera.  LANGKAH PERTAMA inyong cari informasi review and price. Udah nemu yang pas set set set langsung, langsung  kabar-kabari temen. He he, mringis pake cabe nyempil di taring. Kenapa mesti pake acara kabar-kabari temen?? Jawabannya itu harus, kalo sampeyan emang ngerti sila ke-4 pancasila. Ya kalo mau melangkah itu musyawarah dulu. Siapa tahu mereka tahu apa yang belum inyong tahu. Hah?? bingung!! ya sana makan tahu. Inyong cari info siapa tahu ada temen yang udah belanja online, yang aman dimana gitu. Temen...

Take Your Time Alias Santay

Lagi males kon mikir jane, dadi ya nulis sepetit bae ya. Setiap wong kue jane due masane dewek-dewek. Ana sing wisuda gasik san nganggur sue. Akeh wong sing biasane nggerek-nggereki kon gagyan. Kaya nek ana sing takon kapan wisuda? kapan kerja? kapan nikah, batire wis pada due anak? dan pertanyaan kapan-kapan laine sing intine anu kae pada kepo pengin bae nyampuri uripe wong. Kaya mantese ngesuk langka dina maning. Padahal kan bisa bae inyong uripe 100 tahun maning. Inyong ana bacaan sing maen, mbokan ko pada pengin ngerti ya kie New York is 3 hours ahead of California, but that doesn't make California slow.  Someone graduated at the age of 22, but waited 5 years before securing a good job. Someone become a CEO at 25 and died at 50, while another become a CEO at 50 and lived to 90 years. Someone is still single, while someone else got married. Obama retired at 55, while Trump started at 70. Everyone in this world works based on their time zone....

Masa Lalu ya Masa Lalu

Dadi wong urip mesti tau ngalami sing rasane susah, nelangsa, dewekan, bingung, lan liane. Pas jaman inyong durung bisa move on sekang STAN, ya kaya kue sing dirasakna. Kaya jleb banget ning njero ati, kadang ya malah madan ngedumel maring gusti Allah. Tapi ya waktu tetep jalan ora peduli ko lagi seneng apa susah. Waktu juga sing bisa dadi obat nalikane wong lagi sedih. Istilaeh ya jere time healing , selot sue ya sedih kue berlalu kambi mlakune wektu.  Tapi ya nek lagi ana cobaan, jane tah ana bae sing gawe seneng. Salah sijine ya kaya batir. Pokoke keberadaan batir kue krasa banget pas lagi susah, sedih. Bisa katon juga endi batir sing bener-bener peduli. Inyong seneng pas kue batir sekolah dolan ming umahku. Nek ana batir kue mbuh primen ya dadi krasa bahwa inyong kue esih urip esih diakui keberadaane gitu. Ana batir 2 yaiku Se lan Asti sing dolan ming umah. Pas semono ya kae pertama kali ming gone inyong. Tek tidokna dalan umahku sing jane penak mung belok sepisan tok....

Pergi Pagi Pulang Petang

Mari kita kembali ke masa lalu, eits maksudnya masa kecil jaman dulu.  Kye inyong lagi kangen masa cilik mbiyen sing sering digole nek adan magrib durung bali ngumah. Jaman cilike inyong ganu ora kenal karo sing jenenge mobil lejen, pesbuk, apa maneh tiktoktiktuk. Ngertine ya mung sawah, kali, karo lapangan. Jane inyong lagi madan gumun deneng siki jarang weruh bocah cilik, pada ning ngendi sih ya. Padahal ganu desane rame ning suara bocah-bocah sing cempreng kaya cempe lair. Kit esuk gutul magrib malahan ngasi wengi ana bae bocah cilik dolanan. Sing dadi favorit inyong kue dolanan karet, kae lah gelang sing sering ning bungkus rames. Soale inyong sering menang san bali-bali kaya wong india, gelange ngasi gutul sikut. Dolanan ning kali ya paling nyenengke, biasane malah menyelam sambil minum air aliase dolan kambi boker, haha.  Tak kandani pengalamane inyong dolan ning kali ya wa. Inyong kit cilik kue seneng ngemil dadi ya sering juga boker. Lagi kue wetenge mules bang...

Kenalan dengan Bloger Jawa

Hi semunya, apa kabar? priwe kabare wa? kumaha kabarna? apa kareba? api kabakh? baremah kaberah? bune haba? peu na haba? nara gerotelo? Hello, Halo, Hola, Cześć, Ciao,  ハイ , 안녕하세요 , مرحبا , 嗨 , हाय Moga bae sih pada sehat kabeh ya sedulur.  Cie wis ngaku sedulur koh, haha ya mbokan gelem seduluran kambi inyong. Kenalna disit inyong kon dadi rika pada ngerti, celukane inyong Evi nek sing nyeluk kue wong tua. Nalikane rika ngaku enom ya madan disogi unggah-ungguh, Mba Evi ya kena apa mbakyu, sing penting aja ibu soale inyong durung dadi ibu-ibu. Umaeh aku urung nduwe, pokoke inyong uripe neng wilayah Republik Ngapak! Inyong bocah 96, nek arep aweh kejutan ultah ya ngesuk tanggal 24 febuari ya. Uwis cukup akeh pengalaman uripe lah, mulane inyong pengin nulis neng blog kye ya mbokan dadi nggo sedekah, dudu sedekah materi ya sedekah pengalaman ya wa. Rika diceluk wa orapapa ya, kon dadi madan akrab. Pegaweane si Evi kye ngapa jane? haha wis mulai kepo wa? Inyong due pegaw...