Dadi wong urip mesti tau ngalami sing rasane susah, nelangsa, dewekan, bingung, lan liane. Pas jaman inyong durung bisa move on sekang STAN, ya kaya kue sing dirasakna. Kaya jleb banget ning njero ati, kadang ya malah madan ngedumel maring gusti Allah. Tapi ya waktu tetep jalan ora peduli ko lagi seneng apa susah. Waktu juga sing bisa dadi obat nalikane wong lagi sedih. Istilaeh ya jere time healing, selot sue ya sedih kue berlalu kambi mlakune wektu.
Tapi ya nek lagi ana cobaan, jane tah ana bae sing gawe seneng. Salah sijine ya kaya batir. Pokoke keberadaan batir kue krasa banget pas lagi susah, sedih. Bisa katon juga endi batir sing bener-bener peduli. Inyong seneng pas kue batir sekolah dolan ming umahku. Nek ana batir kue mbuh primen ya dadi krasa bahwa inyong kue esih urip esih diakui keberadaane gitu. Ana batir 2 yaiku Se lan Asti sing dolan ming umah. Pas semono ya kae pertama kali ming gone inyong. Tek tidokna dalan umahku sing jane penak mung belok sepisan tok. Tapi ya tetep bae kesasar! Jane ya salaeh inyong hehe, inyong ngomong nunggu ning ngarep umah. Wong umahku kan ning pinggir gili ya dadi penak. Tapi kayane pas batirku liwat, inyong lagi mlebu sedela njiot HP. Batirku kie kesasar gutul desa liya, san goleti sing jenenge Evi. Ning kana ditidokna wong salah, haha jerene Evi mau wis due anak. Batirku madan shock, haha wong inyong be urung nikah. Gutul ngumah ya kue pada kandah pas kesasar, terus medang kambi rujak, dolan ning sawah kambi foto-foto. Sedina kue krasa nyenengna banget. Walaupun inyong pada tetap berhubungan tiap hari, tapi kan beda nek ning sosial media kambi sing nyata. Apa maning batir kue selot sue pada ilang, ana sing merantau, sibuk skripsi, pokoke nek ketemuan kue kaya Korea Utara kambi Selatan ap janjian.
Life goes up down and up down with the time never stop. When the dark time comes, you always can see if only you didn't forget to turn the light on. Once in my life feel so hard, im very blessed with my family and my friends, they always by my side through my hard time. They make me strong than i thought. Yep, time passed and pain turned to memory. Just remember if you had a bad day, it doesn't mean bad life.

Comments
Post a Comment