Hi semunya, apa kabar? priwe kabare wa? kumaha kabarna? apa kareba? api kabakh? baremah kaberah? bune haba? peu na haba? nara gerotelo?
Hello, Halo, Hola, Cześć, Ciao, ハイ , 안녕하세요 , مرحبا , 嗨 , हाय
Moga bae sih pada sehat kabeh ya sedulur. Cie wis ngaku sedulur koh, haha ya mbokan gelem seduluran kambi inyong. Kenalna disit inyong kon dadi rika pada ngerti, celukane inyong Evi nek sing nyeluk kue wong tua. Nalikane rika ngaku enom ya madan disogi unggah-ungguh, Mba Evi ya kena apa mbakyu, sing penting aja ibu soale inyong durung dadi ibu-ibu. Umaeh aku urung nduwe, pokoke inyong uripe neng wilayah Republik Ngapak! Inyong bocah 96, nek arep aweh kejutan ultah ya ngesuk tanggal 24 febuari ya. Uwis cukup akeh pengalaman uripe lah, mulane inyong pengin nulis neng blog kye ya mbokan dadi nggo sedekah, dudu sedekah materi ya sedekah pengalaman ya wa. Rika diceluk wa orapapa ya, kon dadi madan akrab. Pegaweane si Evi kye ngapa jane? haha wis mulai kepo wa? Inyong due pegawean akeh kan anu wong sibuk! sombong rika deneng lah! aja buruk sangka disit, pegaweane inyong temenan akeh kaya wong umum tapi pegawean sing ngasilna Rupiah ya kaya kye nulis. Inyong jane ganu pengin nyambut gawe kaya Gayus neng pajak tapi ora ditampa haha. Nyambut gawe dadi buruh ya inyong tahu wa, ng pabrik tip mobil. San kye niate moga bae bisa dadi blogger sing jere nyambut gawene kaya ngepet, ora katon kerja tapi metu duite.
Nulis ng blog dudu mung pengin duite mbah gugel, tapi ya diniati berbagi kaya mau inyong ngomong. Cerita uripku sing mungkin lucu, ngenes, emejing, lan nanonanonano. Amargi inyong seneng maring seni, kesehatan, jalan-jalan, lan literatur ya bloge madan tek isi seputar kaya kue lah. Eh siji maning ding, inyong ya madan seneng gosip haha gosip sehat ya wa!
Hello hooman! this is me, Evi. I know you have no idea who am i. That's why let me introduce myself, so you might be can get to know me better. I'm just an ordinary girl who was born and live in Indonesia, in Java to be exact. I like to eat, sleep, and breath! My interests are art, health, traveling, language, and learning. I'll try to write in here about everything, like life story because i think life is mystery and so interesting. I found an awesome words, sound like this "Life is the art of drawing without an eraser" So let us make this life and world colorful, that way we don't need to regret even we have no eraser.
It's Me, Tada!!!! and see ya when i see ya
Comments
Post a Comment